Berkah dalem gusti,
Ingkang kinurmatan Kepala Yayasan, Ketua komite, Bapak-Ibu wali
murid, Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak -
Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang
kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti
ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng
kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara
perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun
ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah
kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang
warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo
kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak /
Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki
kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken
pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek
lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang -
rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo
matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Mugi – mugi gusti tansah mbinerkahi. matursuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar